Chào các bạn! Vì nhiều lý do từ nay Truyen2U chính thức đổi tên là Truyen247.Pro. Mong các bạn tiếp tục ủng hộ truy cập tên miền mới này nhé! Mãi yêu... ♥

Kemah Pungkasaning Taun

Rikala tanggal 7 - 9 Mei 2015 sekolahku, SMP PL Bintang Laut Surakarta, nganakake kagiyatan kemah pungkasaning taun. Kemahe ana ing Ngargoyoso, Karanganyar, kanggo nutup kagiyatan pramuka kang wis dilakoni setaun iki. Sing melu akeh banget, yaiku murid kelas VII, dewan galang, lan guru.

Aku bungah banget amarga bisa melu kemah. Banjur dakcepakake gawan kanggo kemah, saka pasak, tongkat, tali, terpal, lan gawan liyane. Gawanane nggo kemah ketoke abot banget nanging ora krasa abot amarga digawa kanthi ati kang bungah.

Aku mangkat ning sekolah dieterake bapakku nganggo mobil, amarga yen ngganggo montor ora cukup. Tekan sekolah aku langsung njujug ning ngarep kelas ku, kelas VIIG. Aku bingung kok isih sepi, mangka kancaku ngakon teka luwih gasik ben isa gladi pensi kanggo api unggun. Aku muring-muring dhewe amarga jebule koordinatore gladhen malah tekane mepet. "Kok aku ora dikandhani yen ora sida lathian?" takonku marang kancaku. "Lha wong kanca-kanca liyane wis di kandhani ning bbm ben ora usah teka gasik amarga ora sida lathian, salahmu dhewe ora mbukak bbm." Jare kancaku entheng.

Dumadakan bis kanggo ngeterake bocah-bocah sing kemah teka. Wong-wong padha minggir amarga plataran sekolahku arep dianggo parkir bis. Bis kuwi cacah 6, aku melu bis 3. Bis 3 isine regu wadon saka kelas VIIG lan VIIH. Bubar ndonga, bise mlaku ninggalake sekolahku, SMP PL Bintang Laut Surakarta. Barang-barang kanggo perkemahan digawa ngganggo truk.

Tekan papan panggonane kemah, bocah-bocah ditugasake ngedhekake tendha. Banjur padha njujug menyang truk kang nggawa barang-barang perkemahan. Kabeh padha ngantri lan nunggu gawanne diundhunake saka truk.

Bubar ngedhekake tendha, padha upacara apel pembukaan. Aku kebagian tugas komandhan pelethon paling tengen. Upacara rampung, kabeh bocah-bocah dikon MCK. Bubar MCK, kabeh padha ngumpul ing lapangan saperlu melu kagiyatan dinamika kelompok. Sabanjure bocah-bocah maem bengi, banjur melu renungan bengi lan diterusake istirahat.

Esuke aku tangi jam 3 esuk, amarga bocah-bocah ing tendha kiwa tengenku padha rame. Jam 4 aku keturon maneh lan jam setengah enem aku digugah supaya melu senam pagi. Sabanjure MCK lan masak kanggo sarapan. Bubar rampung sarapan lan nyuci piring. Aku melu wide game. Bengine bubar MCK lan mangan bengi aku melu api ungun lan renungan malam.

Dina kaping telu ora ana senam pagi, bocah-bocah dikon MCK bubar kuwi sarapan. Banjur kuwi sareguku ngalokake Bakti Masyarakat ngresiki MCK warga. Rampung kagiyatan bakti masyarakat aku lan kanca sareguku mbongkar tendha. Kabeh bocah balik ing sekolah bubar upacara penutupan.

--o0o--

Halo, Potauthor disini!
Pada kesempatan ini Potauthor mempublish karya lama dari FabPhotatogenic. Maklumkan bahasanya agak aneh karena dia juga masih belajar Bahasa Jawa. (・∀・)Di multimedia ada bonus banner kecil-kecilan untuk memperindah.

Happy reading and keep supercalifragilisticexpialidocious~

͡° ͜ʖ ͡°

Potauthor

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen247.Pro